Jumat, 21 Desember 2012



API I


Cekak aose yo panas barek onok udara (O2) lan-
bahan / barang sing isok kobong isok dadi api / geni.
Gak onok salah siji yo gak iso kobong alias gak -
bakal onok geni / api.
Sak iki yok opo see carane mateni api / geni mau-
khususe sing wis gak terkendali.
Onok telung (3) cara kanggo mateni, yoiku :


CARA I :

Ngilangno panas,carane siramen geni mau utawa -
pusate geni / api barek banyu sak onoke.Nek gak -
onok banyu isok godong opoae ,godong gedang   -
sak gedeboke pisan yo becik.Cekake nek banyu   -
utawa godong mau kanggo ngatasi / ngilangno panas,
nah nek panase mau isok kurang / ilang geni / api-
pasti matek.

CARA II :
Pisahen / adohno barang-barang sing gampang ko-
bong mau tekok pusat api.Kertas,kayu,karet bahan-
bakar lan sak panunggale.
Api / geni bakal mati, mergo gak onok sing di bong-
maneh.

CARA III :

Geni / api mono isok urip nek onok gandengane O2,
oksigen sing onok dek udara iki, alias udara iku mono
ngandung oksigen.
Nah sak iki nek peno pengin mateni geni / api mau -
yo ojok sampek geni mau oleh oksigen (O2).
Carane karung goni / sarung / anduk celupno banyu-
nek wis teles kebes krokupno dik pusat api.Yakin -
geni api bakal matek,mergo barang teles mau mutus-
no hubungan / ngisoler geni barek udara / oksigen.

AWAS.....!

Cara telu mau gak isok digae nek asal geni / api tekok-
hubungan pendek listrik ( konslet ).
Sumber listrik kudu dipateni disik / skakel OFF.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar